Nanging sarehne saiki wis mati apa perlune aku isih puwasa? Apa bocah iku bisa bali maneh marang aku? Aku kang bakal nusul bocah iku, nanging bocah iku ora bakal bali marang aku.”
Amargi kita punika mesthi ngalami pejah, kita punika kados toya ingkang kaesokaken dhateng ing bumi, ingkang boten saged kaklempakaken malih. Nanging Gusti Allah boten mulung nyawanipun tiyang, nanging malah ngrancang supados tiyang punika boten kelajeng-lajeng binucal saking Panjenenganipun.
Dhuh Yehuwah mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, saha nilingna ing pasambat kawula, tetesing eluh kawula sampun Paduka kendelaken kemawon, amargi kawula punika mondhok wonten ing ngarsa Paduka, tiyang neneka kadosdene leluhur kawula sadaya.
Tiyang-tiyang wau sampun sami pejah, boten sami badhe gesang malih, sampun sami dados arwah, boten badhe tangi malih; saestunipun sampun sami Paduka ukum saha Paduka sirnakaken, punapadene sadaya pangenget-enget dhateng tiyang-tiyang wau sampun Paduka icali.
Aku pratela: aku ora bakal ndeleng Sang Yehuwah maneh ana ing nagarane wong urip; aku ora bakal ndeleng wong siji-sijia maneh ana ing satengahe para kang manggon ing donya.