Iku bakal padha metu lan padha ndeleng jisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun. Set-sete ora bakal padha mati, lan genine ora bakal sirep, kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilani tumrap kabeh kang urip.
Ana ing kono sira bakal padha tansah kelingan marang sakehing pratingkahira anggonira padha najisake awakira, satemah sira bakal padha ngrumangsani nisthaning awakira marga saka anggonira nglakoni sakehing piala.
Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.