4 Samangsa aku mapan turu pangucapku: Besuk apa aku bakal bisa tangi? Mangka bengine mulur dawa, gawe sayah anggonku ngolang-ngaling nganti tumeka wayah repet-repet.
Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka, wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?
He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur! Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu item tuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila.
Ing wayah esuk pangucapmu: Bok iya enggal bengi; lan ing wayah bengi pangucapmu: Bok iya tumuli esuk; marga atimu kebak rasa giris marga saka sesawangan kang koksipati.