Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 7:2 - Kitab Sutji

2 Kaya upamane batur kang kapengin marang panggonan eyub, utawa kaya buruh nganti-anti marang buruhane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 7:2
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Hemor banjur rerembagan karo Yakub lan anak-anake: “Anak kula Sikhem punika sanget anggenipun kasmaran dhateng ingkang putra, mugi panjenengan paringaken supados dados semahipun,


“Manungsa iku ana ing bumi rak kayadene perang, etungane umure kaya dinane wong buruh?


iya mangkono anggonku ginanjar pirang-pirang sasi kebak cilaka, sarta pirang-pirang bengi kebak pekewuh.


cangkem kawula kawula engakaken wiyar lan mangap-mangap, awit ngorong kepengin dhateng pepaken-pepaken Paduka.


Kawula ngegaraken tangan kawula dhumateng Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka kados siti ingkang cengkar. (Selah)


“Padha samektaa ing perang nglawan dheweke; payo padha nempuh ing wayah tengange!” “Cilaka aku kabeh, amarga srengengene wus ngglewang, wayangane ing wayah sore wus dadi dawa!”


Sira aja nindhes marang pepadhanira lan aja ngrebut barang darbeke. Opahe wong nyambut gawe dinan aja sira endheg nganti tumeka esuke.


Pangeran Yehuwah banjur nukulake wit jarak, kang ngungkuli mustakane Nabi Yunus, satemah bisa ngeyubi lan dadi panglipuring dukane. Nabi Yunus remen banget marga saka anane wit jarak mau.


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.


Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan