Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni.
Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.”
Awit mangkene pangandikane Pangeran marang aku: “Sanjrone sataun maneh, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, sakehing kamulyane Kedar bakal sirna.
“Sira mangkata lan matura marang Hizkia: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal mewahi umurira limalas taun,
atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane.
Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.
Anggonmu mardikakake baturmu aja kalawan oweling atimu, awitdene anggone wus ngenger marang kowe nem taun lawase, iku oleh-olehane tikel lorone buruh dinan. Dene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang kang koklakoni.”