3 Abote mesthi ngungkuli wedhi ing sagara; mulane metune tembungku sasar-susur.
“Saiki pasambatku dadi pambalela, astane menet aku, satemah aku sesambat.
muga aku ditimbanga ing traju kang tliti, ing kono Gusti Allah bakal uninga, manawa aku ora duwe kaluputan.
Rahayu wong, kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, kang ora tumolih marang wong kang padha kumlungkung, lan marang wong kang nyimpang marang ing pambekan cidra.
Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh, manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)
Watu pancen anteb, wedhi iya ana bobote, nanging kang luwih abot tinimbang iku, yaiku nandhang serik marga saka wong bodho.
He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.