dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”
Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman, mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,
Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,
Awitdene Ingsun mirsa yen akeh durakanira lan akeh cacahe dosanira, heh kowe kang padha gawe sumpeking atine wong mursid, sarta kang padha nampani besel, lan kang ngiwakake wong miskin ana ing gapura.
Samangsa wong mau ngungsi menyang ing salah sawijining kutha mau, banjur ngadega ana ing ngarepe gapurane kutha, ngaturna prakarane marang tetuwane kutha iku; iki kudu gelem nampani wong mau ana ing kutha kono lan menehana panggonan kang kena dienggoni ana ing satengahe.