Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 5:2 - Kitab Sutji

2 Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe, sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 5:2
19 Iomraidhean Croise  

Rakhel bareng rumangsa yen ora patutan karo Yakub, banjur meri marang mbakyune sarta matur marang Yakub: “Bok kula sampeyan sukani anak! Manawi boten, kula luwung pejah.”


Nanging sarehne Onan ngreti yen turun mau ora bakal dadi duweke dhewe, mulane saben kumpul karo somahe kakangne, wijine diruntuhake ing bumi, supaya aja nganti nuwuhake turun kanggo kakangne.


Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu, apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?


Ana wong kang padha nandhang lara awit saka panggawene kang dosa, lan siniksa marga saka kaluputane.


Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.


Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur; Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)


Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka, sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.


Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana.


Wong kang netepi pepakon, iku rumeksa marang nyawane, nanging kang ngremehake pangandika, bakal mati.


Wong kang enggal banget nepsune, bakal kena dhendha, sabab saupama kowe nyoba arep nulungi, malah mundhak nepsune.


Watu pancen anteb, wedhi iya ana bobote, nanging kang luwih abot tinimbang iku, yaiku nandhang serik marga saka wong bodho.


He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran, he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.


Aja age-age nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumengket ing atine wong gemblung.


Efraim wus kaya manuk dara kang bodho, tanpa pangreten, yaiku anggone njaluk tulung marang Mesir, lan anggone marani Asyur.


Ing kono pangandikane Gusti Allah marang Nabi Yunus: “Anggonira nepsoni wit jarak iku apa wis sabenere?” Unjuke Nabi Yunus: “Inggih sampun saleresipun kemawon anggen kawula nepsu ngantos dumugi pejah.”


nanging wong kang mburu karepe dhewe, ora mbangun-turut marang kayekten, rumaket ing duraka, iku bakal padha kawales bebendu sarta deduka.


Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan