Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 4:9 - Kitab Sutji

9 Padha tumpes dening napasing Allah, lebur dening bantering bebendune.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 4:9
13 Iomraidhean Croise  

Lah Ingsun bakal ngutus roh kang manjing marang dheweke, temah banjur krungu sawijining pawarta lan tumuli mulih menyang ing negarane. Wong iku bakal Sundadekake mati dening pedhang ana ing negarane dhewe.”


dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”


bakal ora bisa oncat saka ing pepeteng, trubus-trubusane bakal garing kena panasing geni, tuwin dheweke bakal kasirnakake dening napasing tutuke.


Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempenge kakuwatane kang ana ing ototing wetenge!


Balung-balunge kaya pipa tembaga, ragangane kaya lantakan wesi.


Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar, nlorongake bledheg, satrune padha bingung.


Paduka lajeng ndhatengaken prahara, temah sami katutupan ing saganten; sami kelem kados timah wonten ing toya ingkang ngedab-edabi.


Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhung sadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan. Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.


Nanging bakal ngakimi para wong sekeng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran; anggone ngrangket bumi kalawan pangandikane kayadene kalawan lantaran, tuwin kalawan napasing lesane anggone bakal nyirnakake wong duraka.


Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen – iku rak kanggo raja – dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.


Suket dadi aking, kembang dadi alum, manawa Pangeran Yehuwah ndamoni iku kalawan napase. Bangsa iku sanyatane kaya suket.


ing wektu iku si pangawak duraka lagi bakal muncul, nanging nuli bakal katumpes dening Gusti Yesus kalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake, samangsa Panjenengane rawuh maneh.


Marga saka iku sira mratobata! Manawa ora mangkono, Ingsun bakal dumrojog ngrawuhi sira sarta Ingsun bakal nempuh perang marang wong-wong mau kalawan pedhang kang ana tutukingSun iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan