Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener, nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja ana ing dhampar, satemah padha linuwih kaluhurane.
Ing sajroning uripku kang tanpa guna iki aku nyumurupi prakara warna-warna, kayata: ana wong mursid kang tiwas ing sajroning kamursidane, ana wong duraka kang uripe suwe ana ing sajroning pialane.
Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagara, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”
dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa,