Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 4:6 - Kitab Sutji

6 Rak pangabektimu marang Gusti Allah kang minangka andel-andelmu, lan katemenane lakumu kang dadi pangarep-arepmu?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 4:6
17 Iomraidhean Croise  

“Dhuh Yehuwah, Paduka karsaa ngengeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah punapadene kawula sampun nglampahi punapa ingkang sae wonten ing paningal Paduka.” Sang Prabu Hizkia tumuli muwun kang banget kae.


Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.


Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pangarep-arep, ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.


sanadyan tanganku ora kadunungan tindak ambek-siya tuwin pandongaku resik.


banjur apa pangarep-arepku? Sapa kang sumurup manawa aku duwe pangarep-arep?


Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula, amargi lampah kawula kanthi lampah resik, kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu.


Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku, atiku ora giris, sanadyan tuwuh peperangan, atiku tetep pracaya.


Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.


Awitdene Sang Yehuwah kang bakal dadi andel-andelmu, lan kang bakal rumeksa marang sikilmu supaya aja nganti kejiret.


Jaman tentrem bakal nekani kowe; kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh; wedi-asih marang Sang Yehuwah, iku kang dadi raja branane Sion.


Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.


Sarta manawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili kabeh wong manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu kalawan wedi-asih sajrone kowe mondhok ing donya iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan