Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 4:4 - Kitab Sutji

4 wong kang kajengklok wus kokjejegake sarana pituturmu, dhengkul kang nyleyor wus kokkukuhake,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 4:4
15 Iomraidhean Croise  

Samangsa kuping krungu bab aku, aku banjur diarani rahayu, lan saben mripat kang ndeleng, aku mesthi dialembana.


Aku kang nemtokake dalane lan dadi pemimpine. Aku lungguh kaya ratu ana ing satengahing rakyat, kayadene wong kang nglipur marang kang padha nandhang susah.”


Lan wus akeh wong kang padha kokwulang, tangan kang jimpe wus kokkuwatake,


mangka bareng kowe dhewe wiwit ginepok, kowe banjur ngenes, bareng ketaman, ruhara atimu.


Pangeran Yehuwah punika dados tetuwak tumrap sakathahipun tiyang ingkang dhawah lan ingkang njejegaken sakathahing tiyang ingkang tumungkul.


Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.


Tetembungan kang diucapake cocog karo wektune, iku upamane kaya apel mas ana ing pinggan salaka.


Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid.


Sang Prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos; ros-rosaning wentis dadi lemes, sarta gathik-gathik jengkune.


malah kosokbaline kowe padha ngapuraa lan nglipura wong iku, supaya aja nganti ngenes marga saka bangeting susahe.


Nanging Gusti Allah kang nglipur marang wong kang padha lembah atine iku wus nglipur aku kabeh marga saka tekane Titus.


Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.


Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan