Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 4:3 - Kitab Sutji

3 Lan wus akeh wong kang padha kokwulang, tangan kang jimpe wus kokkuwatake,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 4:3
21 Iomraidhean Croise  

Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”


Wong mau uga padha mahargya riyaya roti tanpa ragi, suwene pitung dina karo bungah-bungah, amarga Pangeran Yehuwah wus damel bungahe; Panjenengane wus ngengakake panggalihe ratu ing nagara Asyur marang wong-wong mau, temah Sang Prabu banjur paring pambiyantu ing bab anggone nggarap padalemaning Allah, iya iku Gusti Allahe Israel.


Aku bisa nyantosakake atimu kalawan cangkem lan lambeku ora dakpekak anggone ngucapake piwales.


Samangsa kuping krungu bab aku, aku banjur diarani rahayu, lan saben mripat kang ndeleng, aku mesthi dialembana.


Aku dadi mripat tumrap wong wuta, sarta dadi sikil tumrap wong lumpuh.


Aku dadi bapa tumrap wong miskin, tuwin prakarane wong kang dudu kawanuhanku daktiti-priksa.


Wong padha ngrungokake sapituturku kalawan panganti-anti, padha nampani pituduhku kalawan meneng.


wong kang kajengklok wus kokjejegake sarana pituturmu, dhengkul kang nyleyor wus kokkukuhake,


Lambene wong bener iku dadi pangone wong akeh, nanging wong bodho mati, marga kacupetan budi.


Lambene wong wicaksana nyebar kawruh, nanging atine wong gemblung iku ora jujur.


Wong wicaksana iku diarani duwe pangreten, lan tembung manis iku luwih bisa ngyakinake.


Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna lan dhengkul kang theklok padha santosakna.


Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid.


Sarehne sira padha ngringkihake atine wong bener kalawan goroh, sanadyan Ingsun ora damel prihatine lan kosokbaline sira padha mangkotake atine wong duraka, satemah banjur ora mratobat saka ing kalakuane kang duraka iku, sarta sira padha nglestarekake wong iku urip,


Ing dina iku bakal ana ucap-ucapan kang tumuju marang Yerusalem: “He Sion, aja wedi! Tanganmu aja nganti kendho.


nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.”


Banjur dikatingali malaekat saka ing langit kang nyantosakake Panjenengane.


Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.


Lan sira prentaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atine, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakune bangsa iki, iya dheweke iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbeni nagara kang bakal sira deleng iku.


Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong.


Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan