Lah iku kabeh mau lagi mung poncot-poncoting margine, saiba ta lirihe sabawane kang kita rungu saka ing Panjenengane! Sapa kang bisa mangreti marang gumlegere tumindaking pangwasane?”
Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging besuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Ing saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging besuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.