Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 3:8 - Kitab Sutji

8 Kasupatanana dening para kang ngipat-ipati dina, kang pinter nangekake kanepsone Lewiatan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 3:8
11 Iomraidhean Croise  

Nabi Yeremia nganggit kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia. Lan nganti saprene sakehe juru ngidung lanang lan wadon padha ngrepekake kidung-kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia, sarta iku didadekake sawijining padatan ana ing tanah Israel. Iku kabeh padha katulisan ana ing Kidung Pangadhuh.


Lah wengi iku lestaria gabug, lan aja karungu swaraning kabungahan.


Lintang-lintang esuk padha lestaria peteng; tanpa gawe anggone ngenteni tekane pepadhang, aja nganti nyumurupi katone bangbang wetan,


Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku, lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?


Cangkeme metu obore, lan nyemburake geni kang pating pletik.


Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku, iku dadi ratune sakehing kewan galak.”


Ing nalika iku Pangeran Yehuwah bakal matrapi paukuman kalawan pedhange kang atos, gedhe lan kuwat marang Lewiatan, naga kang lumayu, marang Lewiatan, naga kang ngleker, sarta bakal mateni ula naga ing sagara.


Lah Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, iya Gustiku, ngandika mangkene: “Pangadhuh bakal keprungu ana ing sakehing ara-ara; lan ing sakehe lelurung wong bakal ngadhuh-adhuh: Adhuh lae, adhuh lae! Wong tani diundang supaya ngadhuh-adhuh, samono uga wong kang pinter nangis, supaya nganakake patangisan.


Aku wis ngunekake suling, kowe kok ora padha njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, nanging kowe ora padha tangisan.


Bareng wis padha tekan ing omahe lurah papan pangibadah, padha ndeleng wong-wong kang pating jlerit, padha nangis lan padha sesambat kanthi suwara sora.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan