AYUB 3:5 - Kitab Sutji5 Muga kalimputana ing pepeteng, lan palimenganing pati, kasasabana ing mendhung, kinagetna ing grahana srengenge. Faic an caibideil |
Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?
Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan, lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh, sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor, apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul, iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting, lan wekasane dadi dina kang pait-getir.”