Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 3:4 - Kitab Sutji

4 Dina iku dadia peteng, aja digalih dening Gusti Allah kang ana ing luhur, aja kasorotan ing pepadhang pisan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 3:4
9 Iomraidhean Croise  

“Sirnaa dina kalahiranku, mangkonoa uga wengi kang muni: Wus dadi wetengan lanang.


Muga kalimputana ing pepeteng, lan palimenganing pati, kasasabana ing mendhung, kinagetna ing grahana srengenge.


sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong, dina kang mendhung lan peteng lelimengan; ana bangsa kang gedhe sarta santosa mratani gunung-gunung kaya bangbang wetan, kang kaya mangkono iku durung tau ana wiwit kuna mula; lan ing sapungkure iya bakal ora ana, turun-tumurun, ing tembe buri.


Bilai wong kang padha ngarep-arep marang dinane Sang Yehuwah! Apa gunane dinane Sang Yehuwah iku tumrap sira? Dina iku pepeteng, dudu pepadhang!


Wiwit jam rolas nganti tumeka jam telu ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh.


Bareng nganti sawatara dina srengenge utawa lintang-lintang ora katon sarta tansah kaancam ing angin prahara kang nggegirisi, aku kabeh wis ora duwe pangarep-arep yen bakal slamet.


nagara kang diopeni dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nagara kang tansah dipirsani ing tingale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing wiwitaning taun nganti tumeka ing wekasaning taun.


Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan