Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan, Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula; Paduka ingkang tansah kawula pepuji.
Nanging kang luwih begja tinimbang karo sakaro-karone iku – manut panganggepku – yaiku wong kang durung ana, kang durung nyumurupi panggawe ala, kang kelakon ana ing sangisoring langit.
Manawa ana wong kang anake satus lan suwe uripe nganti dawa banget umure, nanging ora marem marang kasenengan, malah banjur ora oleh panguburan, aku kandha: anak keluron iku luwih becik katimbang karo wong mau.
“Padha rungokna Ingsun, he para turune Yakub, he sakehe turune Israel kang isih kari, he para wong kang Sungendhong wiwit ing wetengan, he para wong kang Sunbopong wiwit ana ing sajroning guwa-garba.
Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula.