Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 26:8 - Kitab Sutji

8 Banyu kabuntel ing mendhunge, ewasamono mendhunge ora suwek.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 26:8
12 Iomraidhean Croise  

Apa ana wong kang mangreti jumerenging mendhung lan swara gumuruh kang ana ing padalemane?


Sapa bisa ngetung mendhung kalawan kawicaksanan, lan sapa kang bisa nyuntak ejuning langit,


nalika Sunkaryakake mega minangka sandhangane tuwin pepeteng minangka gegedhonge;


Pangeran ndadekake mendhung mumbul saka ing pungkasaning bumi, nitahake bledheg kang mbarengi udan, angin diwetokake saka ing gedhonge.


Panjenengane kang nutupi langit kalawan mendhung kang nyawisi udan marang bumi, kang damel gunung-gunung padha nukulake suket.


Sapa ta kang wus munggah marang swarga banjur mudhun? Sapa ta kang wus nglumpukake angin ing tangane? Sapa ta kang wus mungkus banyu nganggo sandhangan? Sapa ta kang nemtokake sakehe poncoting bumi? Iku jenenge sapa lan sapa jenenge anake? Kowe mesthi weruh!


iya ing kalane netepake mega-mega ing dhuwur, lan kalane sumbering samodra agung wiwit padha mbludag klawan santer,


Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan, ora dipaprasi lan ora dibabadi, satemah kathukulan piskucing lan suket; Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung, supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.


Samangsa Panjenengane ngedalake swantene, swaraning banyu ing langit gumuruh, Panjenengane ngumbulake mega mendhung saka poncoting bumi, damel kilat binarung udan lan ngwedalake angin saka ing perawatane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan