Kowe apa padha ora sumurup? Kowe apa padha ora krungu? Apa wiwit ing sakawit ora diwartakake marang kowe kabeh? Apa kowe ora mangreti wiwit nalika bumi tinalesan?
Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumi kang pendhudhuke kaya walang; iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawon lan masang iku kaya tarub kang dienggoni!
Mripatmu arahna marang ing langit lan delengen: sapa kang nitahake sakehing lintang iku tuwin ndhawuhi metu sakehing wadya-balane kalawan nimbali jenenge iku kabeh? Siji bae ora ana kang ora sowan, amarga Panjenengane iku Mahakwaos lan Maha-santosa.
mangkene pangandikane Gusti Allah, Sang Yehuwah, kang nitahake lan njereng langit, kang mbeber bumi dalah kabeh kang thukul ing kono, kang paring ambegan marang umat manungsa kang manggon ing kono sarta kang maringi nyawa marang kang padha urip ing kono:
Wangsit Pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake tumrap Israel: Pangandikane Sang Yehuwah kang njereng langit lan kang nalesi bumi, sarta kang nitahake roh ing sajroning manungsa: