Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 26:6 - Kitab Sutji

6 Jagade wong mati ngegla ana ing ngarsaning Allah, lan papaning pati iya ora ana tutupe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 26:6
17 Iomraidhean Croise  

Iki dhuwure padha karo langit; – kowe bisa nindakake apa? Jerone ngluwihi teleng palimengan: – kowe mangreti apa?


Kasusahan lan pati calathu: Kupingku mung krungu wartane bae.


Saupama ora mangkono, aku rak bisa leyeh-leyeh kalawan tentrem; bisa turu lan ngaso


Iku sanyatane geni kang memangsa nganti entek, sarta nggesengake kabeh pametuku.


Apa gapuraning pati wus padha katon marang sira sarta apa sira wus ndeleng lawanging teleng palimengan?


Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.


Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong, lan diwolak-walik ing sajroning bebendune;


Saupami kawula mungela: “Awakku kalimputana ing pepeteng lan pepadhang ing sakubengku dadia bengi,”


Manawi kawula sumengka dhateng langit, Paduka wonten ing ngrika, manawi kawula nggelar patileman kawula wonten ing jagadipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku.


Mripat kawula ngerong margi nandhang kasangsaran. Dhuh Yehuwah, kawula sampun sesambat dhumateng Paduka ing sadinten muput sarta sampun ngathungaken tangan kawula dhumateng Paduka.


Jagading wong mati lan karusakan iku ora kaling-kalingan ana ing tingale Sang Yehuwah, mendahane maneh atine para anake manungsa.


Jagading wong mati lan karusakan iku ora wareg-wareg, mangkono uga mripate manungsa iya ora marem-marem.


Jagade wong mati kang ana ing ngisor kalawan gumeter anggone mapag tekamu; arwah-arwah padha kagugah marga saka kowe, yaiku sakehe tilas panggedhe ing bumi; sakehe tilas ratuning para bangsa padha diwungu saka ing dhampare.


iya Panjenengane iku kang mbuka bab-bab kang ora kinira-kira lan kang samar; Panjenengane nguningani apa kang ana ing pepeteng, apadene pepadhang dumunung ana ing Panjenengane.


Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati, astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono; utawa saupama munggaha menyang ing langit, iya bakal Sunandhapake saka ing kono.


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Anadene kang dadi ratune iya iku malaekat panggedhening teleng palimenganing pati, jenenge ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan