4 Anggonmu ngucapake tembung-tembung iku adhedhasar panemune sapa, lan pikirane sapa kang koklairake iku?
Aku mentas krungu panutuh kang mirangake aku, nanging kang mangsuli aku iku akal-budi kang tanpa nalar.
Becik banget pituturmu marang wong kang ora kadunungan kawicaksanan lan kawruh kang kokwulangake nganti mbludag!
Para kang wus mati padha gumeter mangkono uga banyu dalah saisine.
Awit aku kebak tetembungan, semangat kang ana ing aku ndhesek marang aku.
apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake.
Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.