3 Becik banget pituturmu marang wong kang ora kadunungan kawicaksanan lan kawruh kang kokwulangake nganti mbludag!
“Lah iya kowe iku kang jeneng manungsa, manawa kowe padha mati, kawicaksanan iya mati bebarengan karo kowe.
Aku iya duwe pikiran kaya kowe, aku ora kalah karo kowe; sapa kang durung tau nyumurupi kang kaya mangkono iku?
Saupama kowe padha meneng babar pisan, iku malah dadi kawicaksananmu.
Nanging kowe kabeh, mara padha balia! Aku ora bakal mrangguli wong wicaksana ana ing tengahmu.
“Becik banget anggonmu mitulungi marang wong apes, sarta anggonmu mbiyantu wong kang tangane tanpa daya.
Anggonmu ngucapake tembung-tembung iku adhedhasar panemune sapa, lan pikirane sapa kang koklairake iku?
Atiku nglairake tembung kalawan jujur, lan lambeku mratelakake kalawan cetha apa kang disumurupi.
Manawa ora, rembugku rungokna; kowe menenga, aku arep nyumurupake kawicaksanan marang kowe.”
“Sapa ta kang gawe petenging pepesthen kalawan pangucap kang tanpa pamikir?
Rak wus ora ana pitulungan babar pisan tumrap aku, lan kaslametan wus adoh saka aku?
Sanadyan mangkono, aku ora tau nglirwakake apa kang migunani tumrap kowe kabeh. Kabeh wus dakcaritakake lan dakwulangake marang kowe, ana ing ngarepe wong akeh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu;
Sabab aku ora nglirwakake ing bab martakake karsaning Allah kabeh marang kowe.