Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah nemtokake dinane anggone bakal ngukum sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;
Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang ngocakake sagara, satemah gumleger rame swaraning alune. – Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane.
Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah! Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin! Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah?
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang maringi srengenge kagawe madhangi awan kang netepake rembulan lan lintang-lintang kanggo madhangi bengi, lan ngebur sagara, nganti alune molak-malik, – asmane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi –:
Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.
Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”