AYUB 26:10 - Kitab Sutji10 Lumahing banyu wus winatesan kalawan buwengan nganti tekan ing antarane pepadhang lan pepeteng. Faic an caibideil |
Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese.