Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 24:3 - Kitab Sutji

3 Kuldine bocah lola diinggatake lan sapine wadon randha digadhe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 24:3
9 Iomraidhean Croise  

Malah kowe padha mbuwang undhi tumrap marang bocah lola, dene mitramu kokdadekake barang dagangan.


Saupama sira nganti njupuk jubahe pepadhanira minangka cekelan gadhen, iku sira balekna sadurunge srengenge surup,


“Aja nggadhe piranti panggilingan, dadia mung watune kang kanggo tindhih, awit tindak mangkono iku dadi nggadhe nyawane wong.


Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Iki aku ana ing ngarepmu ana ing kene. Kowe menehana paseksen kang nglawan aku ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan ing ngarepe jebadane: Sapine sapa kang wis dakepek? Kuldine sapa kang wis dakepek? Sapa kang tau daktindhes? Sapa kang tau dakkasari? Sapa kang wis tau mbeseli aku kanggo nutupi mripatku? Iku arep dakbalekake.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan