Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 24:2 - Kitab Sutji

2 Ana wong kang padha ngowahi watesing palemahan, kang ngrampas pepanthan kewan banjur diengon dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 24:2
10 Iomraidhean Croise  

lajeng wonten tiyang Syeba dhateng sami nempuh, lembu kaliyan kuldi sami karebat saha para rencang sami dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”


Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Tiyang Kasdim sami dhateng, wonten tigang bregada, lajeng nempuh dhateng unta sami karebat, saha rencang-rencang dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”


Mulane mangkono awit wus gawe sangsarane wong miskin, banjur ditinggal nglenthar; ngrampas omah kang banjur ora dibangun.


Manawa pategalanku sesambat marga saka aku, lan singkalane padha nangis,


Undhuh-undhuhane dipangan nganti entek dening wong keluwen, malah direbut saka ing satengahe eri, sarta wong kang ngelak padha melik marang barang-darbeke.


Aja ngelih tengere wates lemah kang lawas, kang wus ditetepake dening para leluhurmu.


Aja ngelih tenger watese lemah kang lawas, lan aja lumebu ing pategalane bocah lola.


Para panggedhene Yehuda iku padha kaya wong kang ngelih wates; bakal padha Sunesoki bebenduningSun kaya banyu.


“Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”


Kenaa ing laknat wong kang ngelih pathok watesing lemahe pepadhane. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan