Amarga pitung dina engkas, Ingsun bakal nekakake udan ing bumi lawase patang puluh dina patang puluh bengi, sarta sakehing dumadi karyaningSun bakal Sunsirnakake saka ing salumahe bumi.”
Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah nemtokake dinane anggone bakal ngukum sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;
Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe, tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake iku ing wektu kang wus Suntemtokake.
Iki dinane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, dina piwales dina tumibaning piwales marang para mungsuhe. Pedhang bakal memangsa nganti wareg, lan nguyup getihe nganti marem. Amarga Gusti Allah, Gustining sarwa dumadi nganakake kurban sembelehan ing tanah lor ing sacedhake bengawan Efrat.
kang nyontan-nyantuni mangsa lan wektu, kang mecat para ratu lan njumenengake para ratu, kang paring kawicaksanan marang para wong wicaksana sarta kawruh marang para wong kang kadunungan pangreten;
Amarga wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang tumempuh marang sakehe umat, sira bakal diwales padha kaya kang dadi panggawenira, panggawenira bakal bali nampek marang sirahira dhewe.
Padha menenga ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah. Lah Pangeran Yehuwah wus nyawisake pista kurban, para kang ditimbali wus padha disucekake.
Marga padha kaya dhek jaman sadurunge banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahake, nganti dina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau,
Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.
Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.
Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,
Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan
yaiku ing titimangsa kang bakal katamtokake dening Sang Panguwaos kang ora ana tunggale lan kang kebak karahayon, Ratune para ratu sarta Gustine para gusti.