Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 22:3 - Kitab Sutji

3 Manawa kowe bener apa ana paedahe tumrap Kang Mahakuwasa, utawa manawa uripmu iku utama, apa Panjenengane angsal kauntungan?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 22:3
20 Iomraidhean Croise  

Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.


Kang Mahakuwasa iku sapa ta, dene aku kok padha kudu ngabekti marang Panjenengane, sarta apa gunane, manawa aku padha nyenyuwun marang Panjenengane?


“Manungsa iku apa maedahi tumrap Gusti Allah? Ora, wong kang nduweni akal-budi iku mung migunani tumrap awake dhewe.


Apa marga saka pangabektimu anggonmu kasiksa lan kaparakake marang ing pangadilan dening Panjenengane?


Amarga ana pangucape: Ora maedahi apa-apa tumrap manungsa, manawa ndadekake kaparenging Allah.


Manawa kowe tumindak bener, iku kowe ngolehake Panjenengane apa, utawa Panjenengane tampi apa saka kowe?


Lampah kawula tansah kawula raosaken, sarta suku kawula, kawula eneraken dhateng ing dhawuh pepenget Paduka.


Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.


Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.


Wong kang atine culika, iku nistha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging para wong kang tanpa cacad, ndadekake keparenge.


Lambe kang cidra iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging wong kang setya-tuhu iku ndadekake keparenge.


Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.


Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe, sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung.


Kowe padha gawe sekeling galihe Sang Yehuwah srana celathumu, ewasamono kowe padha takon: “Anggen kula sami damel sekel Panjenenganipun kanthi patrap kadospundi?” Klawan ujarmu kang mangkene: “Sing sapa gawe piala iku becik ana ing paningale Sang Yehuwah; wong kang kaya mangkono iku kang ndadekake keparenge, utawa manawa ora, ana ing ngendi ta Gusti Allah kang paring paukuman?”


Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.


Kang iku sarehne kita kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.


Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan