Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 21:2 - Kitab Sutji

2 “Rungokna kang temenan ta calathuku, iku minangkaa panglipurmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 21:2
14 Iomraidhean Croise  

Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.


Yagene sira padha ngetokake dhuwit ora kanggo tuku roti, lan pituwasing rekasanira ora kanggo tuku barang kang maregi? Padha ngrungokna marang Ingsun, temah sira bakal padha mangan pangan kang becik sarta sira bakal padha ngrasakake nikmating cecawisan kang enak dhewe


“He para wong wicaksana pituturku padha rungokna. He wong kang kadunungan akal-budi, padha nilingna kuping marang aku,


“Dene saiki, he Ayub, rungokna kandhaku, lan tilingna pangrungumu marang tembung-tembungku.


“Nganti pira lawase anggonmu ndedawa tembung; pikiranmu enggonen ta, aku banjur arep padha aweh pitutur.


“Wus kerep banget aku krungu kang kaya mangkono iku, kowe kabeh iku juru panglipur kang siyal!


Apa panglipuring Allah iku sepele tumraping kowe, tuwin pitutur kang alus kang tumanduk marang kowe iku apa karemehen?


Bareng Sang Yotam kawartanan bab lelakon iku mau, tumuli tindak sarta mapan ing pucaking gunung Gerizim, banjur nguwuh-uwuh kalawan swara seru marang wong-wong mau, mangkene: “Lha mugi sami midhangetna atur kula, dhuh para ingkang sami manggen ing kitha Sikhem, supados Gusti Allah inggih miyarsakna atur panjenengan ugi.


Nanging Ayub mangsuli, pangucape:


Aku sabarana, aku dakcalathu, sawuse iku kowe padha kena memada.


Rungokna ta wangsulanku lan gatekna panjawabing lambeku!


Rungokna kang tumenan tembung-tembungku, lan gatekna katranganku!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan