Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 2:8 - Kitab Sutji

8 Ayub banjur njupuk wingka kagawe ngeroki awake, sarta nglosod ana ing pawuhan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 2:8
14 Iomraidhean Croise  

Sang Putri Tamar banjur nguwur-uwuri awu ing mastakane, nyuwek rasukane alengen dawa kang endah iku, nyunggi astane lan tindak muwun klawan swara dumeling.


Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.


Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.


Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”


Pramila tembung-tembung kawula kawula celed, sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”


amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawula sadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.


Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget; sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


He putrining bangsaku, padha manganggoa sandhangan bagor lan gulunga ana ing lebu! Nandhanga sedhih kaya nangisi anak ontang-anting, nangisa kalawan susah sedhih. Amarga kang gawe pepati bakal teka kalawan ndadak lan nempuh marang sira.


Pangadhuh seru, panjerit ngaru-ara keprungu ing sira; padha nguwur-uwuri awu sirahe, padha gulung ana ing lebu.


Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu.


“Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat lan manganggo bagor sarta awu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan