Ing saindenge tanah Israel ora ana kang kaloking baguse munjuli Pangeran Absalom. Wiwit saka dlamakan nganti tutug ing embun-embunan ora ana cacade babar pisan.
Unjukipun: Kawula badhe medal lan dados roh dora-cara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Iya, sira ngrerimuka, sira bakal oleh gawe. Metua lan nglakonana mangkono!
Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan tatu kang mandi ana ing dhengkul lan pupumu sarta mremen saka dlamakan tumeka ing cumplungmu, kang ora bakal bisa mari.