Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 2:6 - Kitab Sutji

6 Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Lah Ayub iku wus ana ing tanganira, nanging owelen uripe!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 2:6
15 Iomraidhean Croise  

Atur wangsulanipun: Kawula badhe kesah lan dados roh doracara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira ngrimuka dheweke, sira bakal oleh gawe. Sira mangkata lan nglakonana mangkono!


Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.


Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa paduka.”


Samundure Iblis saka ing ngarsane Sang Yehuwah, Ayub tumuli diebyuki ing memala barang wiwit ing tlapakane nganti tekan ing embun-embunane.


Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka, Paduka ingkang apaningset karosan;


Amarga urip iku ajine ngungkuli pangan lan badan iku ngungkuli sandhangan.


Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.


Lan supaya aku aja ngunggul-unggulake awak marga saka anane wahyu-wahyu kang linuwih iku, aku banjur kaganjar eri ing dagingku, yaiku sawijining kongkonane Iblis kang dikon mbitheni aku, supaya aku aja nganti ngunggul-unggulake awak.


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Anadene sawuse genep sewu taun iku mau, Iblis tumuli bakal kaluwaran saka ing pakunjarane,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan