Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 2:5 - Kitab Sutji

5 Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa paduka.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 2:5
16 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Rak kawula punika ingkang aken ngetang rakyat, saha kawula piyambak ingkang dosa tuwin ingkang nindakaken piawon, nanging menda-menda punika sami nglampahi punapa? Dhuh Pangeran Yehuwah, Gusti kawula, asta Paduka mugi ndhawahana kawula saha kulawangsa kawula, nanging sampun ngantos tumempuh dhateng umat Paduka.”


Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.


Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.


Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.


Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Lah Ayub iku wus ana ing tanganira, nanging owelen uripe!”


Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”


Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula, amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.


suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSun tansah ana ing ngarsaning paningalingSun, kalawan caos kurban ana ing patamanan-patamananing dewa lan ngobong kurban ana ing dhuwur bata;


Iku bakal padha nglembara ana ing nagara kono, mlarat lan keluwen, tuwin manawa padha keluwen, banjur padha nepsu lan bakal padha ngipat-ipati rajane lan allahe; bakal padha tumenga ing langit,


Anake wong wadon Israel iku tumuli ngala-ala lan ngipat-ipati asmane Pangeran Yehuwah; tumuli disebakake marang ing ngarsane Nabi Musa. Embokne wong iku jenenge Selomit anake Dibri saka taler Dhan.


Karodene wong Israel padha sira dhawuhana mangkene: Sing sapa ngipat-ipati marang Gusti Allah, iku kudu nanggung kaluputane dhewe.


Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan