Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 2:3 - Kitab Sutji

3 Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Sira apa iya nggatekake marang abdiningSun Ayub? Awit ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala, sarta tetep anggone ngantepi ing katemenane, sanadyan sira wus ngojok-ojoki Ingsun supaya Ayub Suntumpes tanpa sabab.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 2:3
26 Iomraidhean Croise  

Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.


Sang Yoab banjur mangsuli: “Muga aku kaedohna saka ing pangarah ngrebut lan ngrusak!


Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.


Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”


Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.


Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”


Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pangarep-arep, ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.


Pandangune Sang Yehuwah marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Atur wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”


Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.


Panjenengane kang nempuh aku kalawan prahara, sarta kang ngakehake tatuku tanpa sabab,


Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku; sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.


Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula, amargi lampah kawula kanthi lampah resik, kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu.


Mara titenana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen, awit wong kang ambek rukun iku kaanane bakal nyenengake ing tembe burine;


Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula, punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak.


Wong bener kaentasake saka ing karubedan, wong duraka kang banjur nggenteni.


Wong kang lakune saleh iku kareksa dening kabenerane, nanging kang gawe dosa digawe sangsara dening durakane.


Sing sapa lumaku klawan jujur iku wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, nanging kang lakune kesasar iku ngremehake Panjenengane.


Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.


Ngedohi piala iku dalane wong jujur, sing sapa rumeksa marang tindake iku ngreksa nyawane.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.


Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan bab iki utawa wus sampurna, nanging iku dakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.


Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.


Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan