12 Kocapa, nalika ndeleng saka ing kadohan, padha pangling marang Ayub, sarta seru anggone padha nangis; apamaneh padha nyuwek-nyuwek jubahe, tuwin nyawurake lebu mandhuwur, nglarabi sirahe.
Esap bareng krungu pangandikane kang rama mau, banjur njerit seru banget, banget lara atine, sarta matur marang kang rama: “Dhuh rama, mugi maringi berkah dhateng kula ugi!”
Lagi bae anggone munjuk, para putrane Sang Prabu padha sowan kalawan muwun kanthi sora. Sang Prabu iya muwun kalawan swara sora, mangkono uga sakehe abdi dalem.
Bareng aku krungu prakara kang mangkono iku, aku tumuli nyuwek sandhanganku lan jubahku sarta njabuti rambutku lan jenggotku tuwin banjur ndheprok dheleg-dheleg.
Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.
Para tuwa-tuwane putri Sion, padha nglosod ana ing lemah, padha nguwur-uwuri awu ing sirahe lan manganggo bagor. Para prawan ing Yerusalem, padha tumungkul konjem ing bumi.
Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.
Banjur padha nguwur-uwuri lebu ing sirahe, sarta nguwuh-uwuh kalawan nangis lan sesambat pangucape: “Cilaka, cilaka kutha gedhe, kang raja-penine dadi marganing kasugihane sakehe wong kang duwe prau ana ing sagara, awit wis rusak sajrone sajam bae.
Ana sawijining wong saka taler Benyamin kang keplayu saka ing paprangan lan ing dina iku uga tekan ing Silo kalawan nganggo sandhangan rowak-rawek sarta sirahe kawur-wuran lemah.