AYUB 2:10 - Kitab Sutji10 Ewadene wangsulane Ayub: “Calathumu iku kaya wong gemblung, sabarang peparinge Gusti Allah kang becik padha daktampani, kang ala apa ora kudu daktampani uga?” Sajrone iku kabeh Ayub ora nganti gawe dosa kalawan lambene. Faic an caibideil |
Punapa malih badhe dhateng pundi anggen kula nyingkiraken kawirangan kula punika? Dene panjenengan punika, panjenengan badhe kagolongaken tiyang gemblung wonten ing Israel. Pramila panjenengan kula aturi matur dhateng Sang Prabu, awit panjenenganipun temtu boten badhe nyukengi kula, temtu karsa maringaken kula dhateng panjenengan.”
Sanadyan sakathahing kulawarganipun abdi dalem punika ingkang pancenipun pantes kaukum pejah dening gusti kawula Sang Prabu, ewadene panjenengan dalem sampun njunjung abdi dalem kagolongaken tiyang ingkang sami tampi cadhong rejeki saking kraton dalem. Punapa ta wewenang kawula, dene taksih purun nyuwun punapa-punapa dhateng Sang Prabu?”
Awit paningaling Yehuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhe ngluberaken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun. Gegayutan kaliyan bab punika panjenengan dalem sampun tumindak tanpa budi, milanipun wiwit ing sapunika panjenengan dalem badhe tansah ngalami peperangan.”