Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhereke, ora pangling, nanging Sang Yusuf ethok-ethok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: “Kowe kabeh iku saka ngendi?” Ature kang kadangu: “Saking tanah Kanaan, badhe nempur.”
Bareng wong-wong Yahudi kang padha manggon ing sacedhake wus nganti ambal ping sapuluh anggone ngelingake marang aku: “Tiyang-tiyang punika badhe sami nempuh kita saking sakathahing papan padununganipun”,
Saben bab kang mbutuhake kawicaksanan lan pangreten, kang didangokake dening Sang Prabu marang wong-wong mau, tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan.
Samangsa Ingsun nyirnakake tandhoning panganira, nuli wong wadon sepuluh bakal padha mbakar roti ana ing paroten siji. Banjur mbalekake rotine marang sira miturut bobote, temah anggonira padha mangan bakal ora nganti wareg.
sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,