Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu, apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?
Osikku ing sajroning ati mangkene: “Anadene para anaking manungsa, iku bakal kauji dening Gusti Allah lan bakal kaparingan sumurup, manawa dheweke kabeh iku lugune kewan.”