Ah, bok ana kang ngrungokake aku ya! – ya iki tandha-tanganku! Kang Mahakwasa muga karsaa paring wangsulan marang aku! – Lan bok iya ana layang pandakwa kang katulis dening lawananku!
padha ngajokna prakaranira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, mratelakna alasan-alasanira, mangkono pangandikane Sang Prabu, Gusti Allahe Rama Yakub.
He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah, lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi! Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate, sarta prakawisan karo Israel.