Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 11:3 - Kitab Sutji

3 Apa wong kudu meneng bae krungu ocehmu iku? Tuwin manawa kowe ngala-ala iku apa ora ana kang melehake?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 11:3
14 Iomraidhean Croise  

Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku, aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani, wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.


Dene kowe kabeh iku wong kang padha nutupi gorohmu, sarta padha dadi dhukun kang palsu.


Apa prayoga, manawa Panjenengane niti-priksa marang kowe? Apa kowe bisa ngapusi Panjenengane kaya ngapusi marang wong?


Sanyata aku iki dadi poyokan, mripatku kepeksa ndeleng anggone padha tantang-tantangan.


Aku sabarana, aku dakcalathu, sawuse iku kowe padha kena memada.


Manawa ora mangkono anane, sapa kang wani madoni aku lan ngapesake tembungku?”


Ngendi ana wong kaya Ayub, kang anggone seneng ngala-ala marang Allah kaya wong kasatan kang nuli ngombe banyu,


anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila, klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.


sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka, tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka.


Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-seneng kaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan, amargi kawula kapetel dening asta Paduka, kawula lajeng linggih piyambakan awit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula.


Manawa ana wong kang ora gelem ngrungokake kandhaku ing layang iki, iku pengetana lan aja srawungan karo dheweke, supaya isin.


Pamulangmu disalugu lan tanpa cacad, supaya wong kang nglawan dadia wirang, amarga ora ana kang tinemu kang kena digawe ngalakake marang kita.


Jalaran kowe wis padha dipangandikani: “Besuk ngarepake jaman wekasan bakal ana juru pamoyok, kang lakune padha nguja hawa-nepsune kang mblasar.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan