2 Aku arep munjuk marang Gusti Allah: Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula; kawula mugi Paduka sumerepaken, punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.
Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka mugi kersaa tumindak tumrap kawula awit saking asma Paduka, kawula mugi Paduka luwari awit saking sih-kadarman Paduka ingkang linangkung punika.
Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika, awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.
Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.