Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 10:1 - Kitab Sutji

1 “Nyawaku wus bosen urip, aku arep ngumbar pasambatku, aku arep ngucap sajroning prihatine nyawaku kang pait.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 10:1
21 Iomraidhean Croise  

Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepengin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.”


Iba begja kawula saupami Paduka karsa ngumpetaken kawula wonten ing teleng palimengan; manawi Paduka karsa ngaling-alingi kawula ngantos sasirepipun bebendu Paduka sarta saupami Paduka karsa paring wangenan lajeng Paduka enget dhumateng kawula!


Manawa aku iki pancen kesasar, rak aku dhewe kang nanggung anggonku kesasar iku.


Sajroning pailan kowe diluwari saka ing pati, lan sajroning perang saka ing pamisesane pedhang.


Apa karepmu iku nacad tembung? Apa tembunge wong kang entek pangarep-arepe iku dianggep angin?


Milanipun kawula boten badhe mekak cangkem kawula, kawula badhe matur ing salebeting karibedanipun nyawa kawula, saha badhe sesambat salebeting pait-getir ingkang wonten ing manah kawula.


Kawula sampun jeleh, kawula boten sagah gesang ing salaminipun. Kawula mugi Paduka eculaken, awit gesang kawula punika namung kados abab kemawon.


Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku, aku ora ngetung uripku.


Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono? Aku babar pisan ora bisa turu marga saka paiting kasusahanku iku.


Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula; Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan. Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawula ngantos tebih saking ing ngarsa Paduka.


Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”


Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.”


Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan