AYUB 1:8 - Kitab Sutji8 Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.” Faic an caibideil |
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Sira apa iya nggatekake marang abdiningSun Ayub? Awit ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala, sarta tetep anggone ngantepi ing katemenane, sanadyan sira wus ngojok-ojoki Ingsun supaya Ayub Suntumpes tanpa sabab.”
Iku banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kalawan tliti, rungokna lan gatekna kang temenan samubarang kabeh kang bakal daktuduhake marang kowe; amarga iya iku prelune anggonmu kabekta mrene, yaiku supaya aku nuduhake iku kabeh marang kowe. Kabeh kang kokdeleng iki caritakna marang turune Israel.”