Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 1:5 - Kitab Sutji

5 Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 1:5
36 Iomraidhean Croise  

Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine, mbekta abdine loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhake dening Gusti Allah.


Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,


Rama Nuh tumuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhut panunggalane kewan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosake dadi kurban obaran ana ing misbyah mau.


Sawuse iku nuli mundhut watu rolas, miturut cacahe taler tedhake Rama Yakub. – Rama Yakub iku wus kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah: “Sira bakal ajeneng Israel.” –


Nuli sira mapakna wong dursila loro ana ing ngarepe; wong loro iku supaya padha nggugatake dheweke kalawan pandakwa: Kowe wus ngala-ala marang Gusti Allah lan ratu. Sawuse mangkono wong iku gawanen metu lan benturana watu nganti mati.”


Sawuse mangkono banjur ana wong loro kang teka, yaiku wong dursila, kang lungguh arep-arepan karo Nabot. Wong dursila loro iku nuli nggugatake Nabot ana ing ngarepe rakyat, pangucape: “Nabot punika sampun ngawon-awon Gusti Allah kaliyan Sang Prabu.” Sawuse iku Nabot didhabyang menyang ing sajabaning kutha nuli dibenturi watu nganti mati.


Para imam tuwin para wong Lewi sawuse nucekake badan, tumuli uga nucekake wong saumat kabeh lan uga gapurane tuwin balowartine.


Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”


Anake kang lanang iku saben-saben padha nganakake pista giliran ana ing omahe dhewe-dhewe, dene sadulure wadon telu-telune padha diundang diajak mangan lan ngombe bebarengan.


Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”


Apa bisa seneng-seneng marga saka Kang Mahakuwasa sarta tansah nyebut marang Gusti Allah?


Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku, iku dadi ratune sakehing kewan galak.”


Mulane saiki sira padha njupuka sapi lanang nom pitu lan wedhus gembel lanang iya pitu, nuli maranana abdiningSun Ayub, padha nyaosna kurban obaran, tuwin Ayub abdiningSun nyaosna pandonga tumrap sira, awit mung pandongane kang bakal Suntrimah, supaya sira ora padha Sunaniaya, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.”


Wong kang ora welas marang pepadhane, iku nglirwakake pangabekti marang Kang Mahakuwasa.


Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane, mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe.


Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan, amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.


Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.


Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane.


Tumuli ndhawuhi wong nom-noman panunggalane bangsa Israel, kang banjur padha nyaosake kurban obaran lan nyembeleh sapi lanang kagawe kurban keslametan sumaos marang Pangeran Yehuwah.


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan! Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira?


sanadyan ing kono tinemu wong telu iki, yaiku Nuh, Dhaniel lan Ayub, wong iki bakal mung bisa nylametake awake dhewe marga saka kamursidane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


ing sajroning kasucen lan kabeneran ana ing ngarsane, sajege urip kita.


Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?


Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku.


Ing dina candhake Rasul Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawise sesuci bebarenga, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci sarta pratela, yen pundhate dina pasucene iku besuk samasa kurbane sawiji-wijine wus kasaosake.


Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,


Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.


Sabab aku butarepan ing ngatase kowe kalawan butajenganing Allah. Awit kowe wus padha dakpacangake karo wong lanang, kang nuntun kowe kayadene prawan suci marang Sang Kristus.


ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;


Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan