Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 1:22 - Kitab Sutji

22 Sajrone iku mau kabeh Ayub ora nganti gawe dosa, sarta ora nacad pisan-pisan marang Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 1:22
11 Iomraidhean Croise  

Nuju ing sawijining dina, para putraning Allah padha seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Iblis nuli iya seba uga ana ing satengahe para putra mau.


Ewadene wangsulane Ayub: “Calathumu iku kaya wong gemblung, sabarang peparinge Gusti Allah kang becik padha daktampani, kang ala apa ora kudu daktampani uga?” Sajrone iku kabeh Ayub ora nganti gawe dosa kalawan lambene.


Mulane he para wong kang kadunungan akal-budi, padha rungokna pituturku: nglengkara yen Gusti Allah nindakake piala, utawa yen Kang Mahakwasa tumindak culika,


Ana sawijining prakara kang tanpa paedah kang kelakon ana ing bumi: ana wong mursid kang padha tanpa pituwas kang pantese kanggo wong duraka, lan ana wong duraka kang padha tanpa ganjaran kang pantese kanggo wong mursid. Aku kandha: “Iki iya tanpa guna!”


Mulane wong sembrana dakarani rahayu, dene kang nglakoni duraka iku padha begja, sanadyan nyoba marang Gusti Allah, iya padha bisa oncat.”


Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”


Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.


Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan