Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 1:18 - Kitab Sutji

18 Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Putra panjenengan jaler estri saweg sami dhaharan saha ngunjuk wonten ing griyaning sadherekipun pambajeng,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 1:18
17 Iomraidhean Croise  

Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas! Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”


Kacarita nuju ing sawijining dina, nalika anake Ayub lanang lan wadon padha mangan lan ngombe anggur ana ing omahe kang pambarep,


Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Tiyang Kasdim sami dhateng, wonten tigang bregada, lajeng nempuh dhateng unta sami karebat, saha rencang-rencang dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”


dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”


Anake kang lanang iku saben-saben padha nganakake pista giliran ana ing omahe dhewe-dhewe, dene sadulure wadon telu-telune padha diundang diajak mangan lan ngombe bebarengan.


Aku dijuwing-juwing, aku ditempuh kaya dene wong prawira ing perang.


“Saiki pasambatku dadi pambalela, astane menet aku, satemah aku sesambat.


manawa anake dadi akeh padha dadi pakaning pedhang sarta anak-putune bakal kekurangan pangan.


Manawa anak-anakmu padha gawe dosa marang Panjenengane, mesthi wus dipasrahake marang pangwasane panerake dhewe.


Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine, sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi.


Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.


Kaping pira bae anggonira teka, kowe bakal padha kaseret, sabab iku bakal teka saben esuk, ing wektu awan lan ing wektu bengi; sarta mangreti marang pangandika kang dirungu iku ateges mung pagiris thok.


Playangan kilat lumayu susul-sumusul. Para juru warta padha susul-sumusul, padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil, yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,


Heh kowe kang padha liwat, apa kowe ora padha mreduli? Sawangen lan tamatna, apa ana kasusahan kaya kang ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku, supaya aku nandhang sedhih banget, nalika bebendune mulad-mulad?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan