Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 1:16 - Kitab Sutji

16 Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh sarta matur: “Latunipun Gusti Allah dhawah saking langit lajeng nyamber dhateng menda dalah rencang-rencang, sadaya telas sami kamangsa ing latu, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 1:16
13 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli ngudanake walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumurune udah saka Sang Yehuwah, saka ing langit,


Ing kono genining Sang Yehuwah banjur tumurun lan nyamber kurban obaran, kayu-bong, watu lan lemahe nganti entek gusis, malah banyu ing kalenane uga asat kadilat ing geni mau.


Nanging Nabi Elia mangsuli, pangandikane marang opsir mau: “Manawa aku pancen abdining Allah, muga anaa geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kowe dalah kalerehanmu seket kabeh iku nganti entek.” Banjur ana geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa opsir mau dalasan wonge seket nganti entek.


Nanging Nabi Elia paring wangsulan marang wong-wong mau mangkene: “Manawa aku pancen abdining Allah, muga anaa geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kowe saandhahanmu wong seket kabeh nganti entek!” Banjur ana genine Pangeran Yehuwah kang tumurun saka ing langit kang mangsa opsir mau saandhahane wong seket kabeh nganti entek.


Rak sampun wonten latu ingkang tumurun saking langit ingkang mangsa opsir kalih-kalihipun ingkang rumiyin saha para kalerehanipun tiyang seket. Nanging sapunika mugi nyawa kula manggiha sih wonten ing ngarsa panjenengan.”


Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun.


Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”


Banjur ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa wong loro iku, temah padha mati sanalika ana ngarsane Pangeran Yehuwah.


lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.


Pangeran Yehuwah tumuli paring tetingalan marang aku kaya mangkene: Pangeran Yehuwah nimbali geni minangka paukuman, geni mau banjur mangsa samodra agung lan pategalan nganti entek.


Sarta maneh nganakake mukjijat-mukjijat kang nggegirisi, malah nganti ngudhunake geni saka ing langit marang bumi ana ing ngarepe wong.


Tumuli tuwuh pagiris ing pakemahan, ing ara-ara lan ing antarane rakyat kabeh. Uga para prajurit pangawal lan tukang ngrayah padha giris lan bumi nganti gonjing, temah nganakake pagiris kang saka Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan