Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 1:11 - Kitab Sutji

11 Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 1:11
21 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Abimelekh banjur ngundhangake dhawuh marang sabangsa kabeh: “Sapa wong kang wanuh-wani ngaru-biru marang priyayi iki utawa marang garwane, mesthi diukum pati!”


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.


pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”


Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.


Welasa marang aku, welasa marang aku, heh mitra-mitraku, amarga aku digepok dening astane Allah.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Sira apa iya nggatekake marang abdiningSun Ayub? Awit ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala, sarta tetep anggone ngantepi ing katemenane, sanadyan sira wus ngojok-ojoki Ingsun supaya Ayub Suntumpes tanpa sabab.”


Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa paduka.”


Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Lah Ayub iku wus ana ing tanganira, nanging owelen uripe!”


Samundure Iblis saka ing ngarsane Sang Yehuwah, Ayub tumuli diebyuki ing memala barang wiwit ing tlapakane nganti tekan ing embun-embunane.


Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”


mangka bareng kowe dhewe wiwit ginepok, kowe banjur ngenes, bareng ketaman, ruhara atimu.


pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe, lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”


Mulane bebendune Sang Yehuwah banjur nempuh marang umate, diagagi astane sarta tumuli kapupuh; gunung-gunung bakal geter, mayit-mayite wong-wong mau bakal kaya rereged ana ing tengah dalan. Nanging sanadyan iku kabeh wus kelakon, dedukane durung mendha lan astane isih diagagake.


suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSun tansah ana ing ngarsaning paningalingSun, kalawan caos kurban ana ing patamanan-patamananing dewa lan ngobong kurban ana ing dhuwur bata;


Iku bakal padha nglembara ana ing nagara kono, mlarat lan keluwen, tuwin manawa padha keluwen, banjur padha nepsu lan bakal padha ngipat-ipati rajane lan allahe; bakal padha tumenga ing langit,


Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –


Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.


lan banjur padha nyenyamah marang asmane Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wudune, nanging padha ora mratobat mareni pratingkahe.


Sarta ana udan woh gedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langit nibani wong-wong, temahan wong-wong padha nyenyamah marang Gusti Allah marga saka wewelak udan woh iku, awit wewelak iku mau nggegirisi banget.


Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan