Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 1:10 - Kitab Sutji

10 Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 1:10
29 Iomraidhean Croise  

Sawuse lelakon mau banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhe: “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe.”


Anadene Rama Iskak nuli nyebar wiji ana ing tanah kono, oleh-olehane ing taun iku uga nganti tikel satus, marga diberkahi dening Sang Yehuwah,


Awitdene kagungan panjenengan boten sapintena saderengipun kula dhateng, nanging sapunika sampun ngrebda sanget, saha Sang Yehuwah sampun mberkahi panjenengan sadangunipun kula wonten ngriki. Dados benjing punapa kula saged nyambut damel kangge brayat kula piyambak?”


Jalaran saka iku raja-darbeke Yakub sangsaya tambah, sugih raja-kaya, batur wadon lan lanang, unta lan kuldi.


Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan.


marga saka Allahe bapakmu kang bakal mitulungi kowe, lan marga saka Kang Mahakawasa kang mberkahi kowe, klawan berkah kang luber saka ing langit dhuwur, berkah saka telenging samodra kang ana ing ngisor, berkah saka ing payudara lan guwa-garba.


raja kayane kang awujud wedhus pitung ewu, unta telung ewu, sapi limang atus rakit, kuldi wadon limang atus; bature akeh banget, mulane kasugihane ngungkuli wong satanah wetan kabeh.


“Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur, kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,


nalika tapaking sikilku adus susu, lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.


manawa aku bungah marga saka gedhening kasugihanku lan marga tanganku ngolehake raja-brana nganti akeh banget,


Wasana Ayub diberkahi dening Sang Yehuwah nganti ngungkuli dhek biyen; duweke kang rupa wedhus patbelas ewu, untane nem ewu, sapine sewu rakit, lan kang rupa kuldi wadon sewu.


Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra, tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.


Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah; sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.


Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena, sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.


Paduka badhe mewahi kaluhuran kawula, sarta paring panglipur malih.


pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten, sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat.


Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula, saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya, inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna.


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi, nuli ditanduri wit anggur pilihan; banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau. Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur; sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik, nanging jebul metokake woh anggur kang kecut.


Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku: Ingsun bakal mecoki pagere eri, satemah pakebonan iku entek kapangan, lan temboke bakal Sunjugrugake satemah pakebonan iku kaidak-idak.


Sarta Ingsun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”


Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –


Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa mberkahi kakiyatanipun, saha pedalemanipun mugi ndadosna ing kaparenging panggalih Paduka. Tiyang ingkang sami nglawan tuwin nyengiti mugi Paduka remuk bangkekanipun, ngantosa sami boten saged ngadeg malih.”


Gusti Allah kang langgeng iku dadi pangaubanmu, lan ing ngisormu ana bau-bau kang langgeng. Panjenengane nundhungi mungsuh saka ing ngarepmu, sarta ngandika: Tumpesen!


Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.


Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kowe padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.


Tiyang-tiyang punika sami prasasat pager tembok ing sakubeng kula rinten dalu, salaminipun kula sami ngengen menda wonten ing sacelakipun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan